Senin, 20 Juni 2011

Geguritanku

Mupus Pangangen-angen

Atiku mung kaya kanggo dolanan
dolananing kahanan
Nalika rasa iku teka
pranyata aku ora bisa suwala
Sanajan saben wektu iring-iringan
nanging ora tau  bisa bebarengan
Pangangen-angen murih bisa nyawiji
kudu dipupus wiwit saiki
Apa gunane daklari ayang-ayangmu
Yen pungkasane mung bakal nglelara atiku
Kahanan iki kang njalari
aku kudu nyingidke rasa
Kahanan iki dadi seksi
manawa sejatine aku duwe rasa

1 komentar: