Selasa, 21 Juni 2011

Materi Sesorah

SESORAH

                Micara, sesorah utawi pidhato ugi kasebat medhar sabda, inggih nglairaken gagasan, pamanggih utawi osiking manah sarana lesan wonten sangajenging tiyang kathah. Tumindak micara punika ateges sedaya paripolahing tiyang ingkang mujudaken polahing tumindak, kalebet obahing anggota badan, pasuryan, penggalihan, raos pangraos, sarta jiwaning manungsa. Pramila menawi wonten panindaking micara sawenehing tiyang boten saged lumampah kanthi sae, nedahaken bilih tiyang gesang punika kasunyatanipun kirang sampurna. Mila sesorah kedah dipungladhi, tansah nyinau serta nulad tetiyang ingkang sampun limpad, langkung-langkung ngengingi unggah-ungguhing basa saha parama sastranipun.
                Menawi makaten, micara wonten ing sangajenging tiyang kathah punika boten gampil, pramila kedah nggadhahi sangu mawarni-warni pengalaman, remen gladhen utawi latihan, wasis ngginakaken basa rinengga, purwakanthi, parikan, wangsalan, lan sanes-sanesipun. Pidhato utawi micara punika saged dipunbentenaken wonten warni sekawan.

  1. 1.      Sesorah kanthi Cara/Modhel Apalan (MEMORITER)

Sesorah kanthi cara punika, saderengipun sampun damel seratan pidhato lajeng dipunapalaken tembung ngantos ukaranipun persis kaliyan cathetan. Dados boten mawi pamanggih-pamanggih enggal, raos pangraos, amargi sampun kapurba dening cathetan. Ing mriki adhakanipun menawi apalanipun wonten ingkang kesupen, lajeng saged thithal utawi kesupen sedayanipun.
  1. 2.      Sesorah kanthi Cara Naskah/Teks (MANUSCRIPT)

Pidhato cara naskah utawi teks punika pamicara saestu bekta naskah/teks utawi cathetan lajeng dipunwaos sawetahipun, boten dipunapalaken.
Cara punika asring dipunginakaken dening para punggawaning negari mliginipun wonten ing acara upacara resmi, laporan-laporan, lan sanesipun, ancasipun supados boten mlenceng saking tujuan sakawit saha boten klentu.
  1. 3.      Sesorah kanthi Cara Dadakan (IMPROMPTU)

Sesorah cara dadakan punika cara pidhato boten kanyana-nyana saderengipun menawi badhe dipunaturi pidhato utawi ndadak ing adicara menika lajeng dipunaturi pidhato.
Kanthi cara punika piyantunipun kedah ingkang sampun beken (mumpuni) lan padatan panic sampun kulinten pidhato. Sangunipun cara sesorah punika kedah trampil ing pamicara saha kathah pengalaman saha seserepanipun.
  1. 4.      Sesorah kanthi Cara Ekstemporan

Pidhato cara punika juru pamedhar sabda ngasta utawi damel cathetan alit (outline) minangka gawan utawi pangemut-emuturutaning ingkang badhe dipungendikakaken.
Cathetan kala wau namung wos-wosipin utawi garis ageng, ingkang badhe dipunaturakensarta prakawis minangka panjurung (supporting point), ing salajengipun samangke badhe dipungrembakakaken kanthi pemanggih-pemanggih enggal ingkang salaras kaliyan swasana nalikanipun saweg pidhato.

Sangunipun Juru Sesorah/Pidhato
Tiyang ingkang pinitados pidhato kedah anggadhahi sangu gangsal perkawis, inggih punika:
  •     nguwaosi bahan/materi utawi perkawis ingkang badhe dipunngendikakaken
  •    anggadhahi raos wanton micara ngadhepi tiyang kathah
  •     patrap utawi sikap ingkang manteb lan luwes
  •     busana lan ngadi salira ingkang trep
  •    basa lan sastra ingkang gampil dipuntampi lan pas panganggenipun

Kapethik saking Buku Pratikele Sesorah
Drs. Sutardja Atmasandjaja, 2008.

1 komentar:

  1. Las Vegas Hotel and Casino- First Class Las Vegas Hotel and
    The Hotel and Casino- First 정읍 출장샵 Class Las Vegas Hotel 목포 출장안마 and Casino- First 김천 출장마사지 Class Las Vegas Hotel and 경기도 출장마사지 Casino- 나주 출장샵 First Class Las Vegas Hotel and Casino- First Class

    BalasHapus